Bahasa Jawa
Bahasa jawa kuwi bahasa ingkang alus ing tlatah donya, ananging ing jaman sak meniko, bahasa jawa di anggep angel kaliyan mudo-mudi khususipun margi lare-lare jawi sak meniko, ing rikolo zaman sak meniko, tuntutan zaman ngangge basa manca linuweh di utamakake tinimbang bahasa jawi ingkah okeh tindak tanduke, di jamin sinau basa jawi kuwi ora angel, namung butuh kesabaran lan arupo seneng nyinaoni basa jawa. Basa jawa punika lair wiwit ana nagari Indonesia, tepatipun wonten ing dalem pulau Jawa, saenggo bahasanipun dipun westani basa jawa. Basa jawa sak meniko angel di lakoni yen ra tau nyinaoni, ing kepungkur jaman biyen, basa jawi punko dados paugeraning basa onten ing istana-istana raja dumugi rakyat jelata.
Ananging sak bubrahe jaman maju koyo sak niki, basa jawa mulai dipun singkrihake dening basa manca. Lare-lare wis emoh di kongkon nyinaoni basa jawa, wedi yen dipun wastani bocah kurang gaul utawi bocah sinh ketinggalan jaman. Opo do rangerti to, saktemene basa jawa iku linuwih becik. Amergi sawernaning sopan santun dipun udarake wonten basa niki.
Nah ora usah ngenteni sue, soyo tambahing jaman, basa jawi bakal punah lan tinggal asma. Opo siro podho ra suloyo, yen menawi basa jawi punah ,nopo sedoyo ora nduwe roso isen dumateng leluhur ingkang mareske budoyo kang adi luhung, ing tanah jawa?
Nah mula sak menika, sak derengipun basa jawa tumpes ora ono babar blas...kito penerus bangsa kudu wani nggalakke basa jawi ingkang ke pungkur arep ditinggalake punika.
Mula ayo poro konco..wes saiki ayo mbudidaya basa jawa, supaya budaya warisan leluhur tetep ampuh terus gumebyar ing tanah jawa, ugi dumagi manca.
Titi wanci sak paugeran......Tinulis Dening Chairil Muhsin